ASAL MULA DUSUN SAWANGAN


ASAL MULA DUSUN SAWANGAN

Jaman biyen wonten sawijining dusun Sawangan wonten sumur ingkang dipun jaga dening Mbah Sandung Sawang. Sumur meniko dipun asmani sumur gowok.

Miturut carios tiyang sepuh, sumur meniko dipun damel dening para wali, ingkang ndadosaken desa meniko desa perwalian,inggih menika desa ingkang katah para wali. Wonten malih ingkang asmani desa menika Desa Perdikan, inggih meniko desa ingkang mboten angsal sade beras utawi panganan ingkang dipun damel saking beras.

Wonten desa menika inggih mboten angsal nanggap wayang amargi wonten carios menawi nanggap wayang saged ketekan banjir. Niku salah satunggalipun larangan wonten Desa Sawangan.

Sumur Gowok meniko dados lambangipun desa sawangan, amargi kagolong keramat lan angker utawi serit, wonten sumur menika inggih wonten wit ingkang ageng sanget lan terose wonten makhluk halus ingkang dipun tunggu. Amargi teng tiyang sepuh desa meniko disawang-sawang niku sae lan kangge ngurmati mbah sandung sawang banjur desa niku di asmani desa sawangan, sawangan meniku artinipun desa ingkang disawang ing awang- awang. Dugi saniki Sumur menikotesih wonten lan tetep terjaga kelestarianipun.
SHARE

Milan Tomic

Hi. I’m Designer of Blog Magic. I’m CEO/Founder of ThemeXpose. I’m Creative Art Director, Web Designer, UI/UX Designer, Interaction Designer, Industrial Designer, Web Developer, Business Enthusiast, StartUp Enthusiast, Speaker, Writer and Photographer. Inspired to make things looks better.

  • Image
  • Image
  • Image
  • Image
  • Image
    Blogger Comment
    Facebook Comment

0 komentar:

Posting Komentar